Keyword
Alhamdulillah SMA 15 Semarang LULUS 100% .....desain by Tenei Ne
Monday, 22 DESEMBER 2014
bahasa jawa
UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWA
Ditulis tanggal : 21 - 04 - 2011 | Pukul :

UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWA

Ana ing wewengkon bebrayan Jawa wis kawentar luhuring tata kramane lan sapanunggalane ing tindak solah bawaning bangsa. Mangkono uga ing bab basa Jawa. Basa Jawa uga duwe tata krama sing diarani “unggah-ungguh” utawa “undha-usuking basa”. Unggah-ungguh utawa undha-usuking basa iku kanggone manut wong kang guneman (wong kapisan), karo wong kang diajak guneman (wong kapindho), sarta wong kang digunem (wong katelu). Miturut cak-cakane, basa Jawa kaperang dadi loro, yaiku:

  1. BASA NGOKO

Basa ngoko yaiku basane wong kang ora pati ngurmati kang dijak guneman. Dene panganggone basa ngoko yaiku:

-          menyang sapadha-padha kang wis kulina banget

-          menyang wong kang kaprenah nom (marang anak, putu, murid, pramu wisma, bojo, wong cilik, sedulur nom)

-          yen ngunandika, yaiku guneman dhewe utawa celathu sajroning ati.

Basa ngoko ana rong werna

1.      ngoko lugu

Wujude tembung ngoko, ora ana tembung kang krama inggil tumrap wong kang dijak guneman. Yen ana, mung tumrap marang wong sing digunem.

Kanggone: omongane bocah karo bocah sing kulina, omongane wong tuwa karo wong enom, yen lagi ngunandika.

Tuladha

-          omongan bocah karo bocah sing wis kulina → ”Kowe arep menyang ngendi, Di?”

-          wong tuwa marang anak → ”Nik, jupukna buku iku!”

-          yen lagi ngunandika → ”Kapan ya aku duwe sepedha mini?”

2.      ngoko andhap utawa ngoko alus

Basa ngoko kang alus utawa luwih ngajeni. Wujude yaiku basa ngoko kanthi tembung krama inggil tumrap wong kang dijak guneman.

Titikane basa ngoko alus

-          Tembunge ngoko kacampur tembung krama inggil. Kang dikramakake inggil yaiku perangane awake sing diajak guneman utawa wong sing digunem; lan sandhangane wong sing diajak guneman utawa wong sing digunem.

-          Kriyane (kata kerjane) wong sing diajak guneman utawa wong sing digunem.

-          Tembung aku tetep dadi aku.

-          Tembung kowe owah dadi panjenengan  utawa sliramu (panjenengan menawa sing diajak guneman mau tuwa; sliramu menawa sing diajak guneman mau luwih enom.

-          Atur-atur lan panambange tetep ngoko.

Kanggone: ibu marang bapak, adhi marang kangmase utawa mbakyune, bisa uga kangmas utawa mbakyu marang adhi kang diajeni marga pangkate luwih dhuwur, anak marang wong tuwa, guru padha guru kang wis akrab/kulina.

Tuladha

-          ibu marang bapak Pak, yen arep dhahar wis daktata ana ing meja!”

-          adhi marang kang mase Mas, yen kersa mengko dakampiri mriksani bioskup.”

-          kangmas marang adhine Dhik, iki lo dakcaosi oleh-oleh saka Sala.”

-          anak marang wong tuwane → ”Bu, yen arep tindak dakterake.”

-          guru padha guru kang wus akrab/kulina → ”Lo Bu, astane ki kena apa kok nganggo dibuntel karo digendhong barang.”

 

  1. BASA KRAMA
  1. BASA KRAMA LUGU

-          Wujude tembung krama.

-          Panganggone tumrap bocah karo bocah sing durungkulina, wong tuwa marang wong enom, nanging ngajeni sawetara tumrap wong kapindho diganti peprenahan, kabeh dikramake, mung panambang –e utawa –ake tetep ngoko

-          Tuladhane: Bukune sampun dipunbetake.

  1. BASA KRAMA ALUS

Krama inggil iku basa kang ngajeni banget. Wujude kaya basa mudha krama, kaceke panambang –mu owah dadi panjenengan utawa panjenengan dalem. Tembung aku diowahi dadi abdi dalem, dalem, kawula, kula, lan sapanunggalane.

ATER LAN PANAMBANG KRAMA

di-                            dipun-

dak-                        kula

kok/ko-                   panjenengan

-e/ne                        -ipun

-ake/ke                    -aken

-a/na/ana                kula aturi

Gunane: kanggo guneman marang wong sing kudu dikurmati/diajeni, guneman bocah enom marang wong tuwa, wong enom marang wong enom sing diajeni, sapadhane wong tuwa kang padha ngajeni, pawongan kang padha-padha ngajeni.

Tembung kang dikramakake inggil kayata peranganing awak, kriya, solah bawa panganggo utawa barang darbe, lan sapanunggalane.

Tuladha

Ngoko

Krama inggil

tangan

asta

mangan

dhahar

njoged

mbeksa

Yen ana tembung sing kudu disalini karama inggil, nanging kramane inggil ora ana, sing dienggo banjur tembung krama lugu.

Tuladha → Ndara pangeran lagi rembagan.

Manawa ngarani panganggo utawa barang darbe kang ora ana kramane lan kramane inggil, sok dipratelake nganggo wuwuhan tembung agem, kagungan.

Tuladha

agem dalem sepatu                              : sepatumu

kagungan dalem sepatu                       : sepatumu

kagungan panjenengan sepatu                        : sepatumu

TEMBUNG KRAMA INGGIL IKU ORA KENA KANGGO AWAKE DHEWE

Tuladha

 

Luput

Bener

Kula badhe siram rumiyin.

Kula badhe adus rumiyin.

Padharan kula sakit amargi mentas dhahar pelem mentah.

Weteng kula sakit amargi mentas nedha pelem mentah.

Kula badhe ngagem rasukan.

Kula badhe ngangge rasukan.

Putra kula kalih, putri satunggal, kakung satunggal.

Anak kula kalih, estri satunggal, jaler satunggal.

Kula badhe miyos rumiyin.

Kula badhe medal rumiyin.

Buku kagunganipun Bapak ingkang kula paringaken ing menja dipunpundhut Adhik.

Buku kagunganipun Bapak ingkang kula sukakaken wonten ing meja dipunpendhet Adhik.

Kula badhe tindak dhateng Jakarta, kondur kula benjing Slasa.

Kula badhe dhateng Jakarta, wangsul kula benjing Slasa.

Dalem kula wonten ing kampung Tegal Kepatihan, Kalurahan Bareng.

Griya kula wonten ing kampung Tegal Kepatihan, Kalurahan Bareng.

Kula mundhut buku dhateng toko ”Sumber Kawruh”.

Kula tumbas buku dhateng toko ”Sumber Kawruh”.

Menawi badhe mapan sare, kula mesthi ngunjuk toya rumiyin.

Menawi badhe mapan tilem, kula mesthi ngombe toya rumiyin.

Ibu mundhut duren badhe dipunparingaken Bu Camat.

Ibu mundhut duren badhe dipuncaosaken Bu Camat.

Bapak ndherek kula mriksani bioskup.

Bapak tumut kula mriksani bioskup.

Bapak sukuran, tangga tepalih sami dipuntimbali.

Bapak sukuran, tangga tepalih sami dipunaturi.

Ibu mundhut apel badhe dipuncaosaken Mbakyu.

Ibu mundhut apel badhe dipunparingaken Mbakyu.

Bapak ngendika, “Omah sakebone dakparingake Bima.”

Bapak ngendika, “Omah sakebone dakwenehake Bima.”